Contoh Sesorah Bahasa Jawa Ulang Tahun Sekolah




Nuwun sewu, saderengipun mugi tinebihna tulaksarik, saha kinalisna saking sarusiku  sikudendha, tuwin tinebihna saking bendu. Bokbilih pribadhi jasad kula ing mriki kumawantun ngadeg ing ngarsa panjenengan sedaya kumedah anyigeg wawan pangandikan  penjenengan sedaya.

http://cryzzahwa87.blogspot.com/2012/04/contoh-pidato-kenakalan-remaja-pidato.htmlLangkung rumiyin sumangga kula dhereaken panjenengan ngunjuaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun gusti ingkang maha Mirah, inggih awit sih nugraha sarta berkahipun, kula panjenengan sami saged pinanggih ing papan mriki  kanthi bagya mulya kalis ing sambikala.

Salajengipun, kula ingkang minangka sesulihipun panitya ngaturaken sugeng rawuh mugi-mugi rawuh panjenengan saged adamel regenging swasana. Awit saking punika kula ngaturaken gunging panuwun. Boten kesupen kula ngaturaken gunging panuwun ugi dhumateng Bapak kepala sekolah ingkang sampun paring idin palilah murih kaleksananipun sedaya pengetan ambal warsa sekolah punika. Ugi ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindan dhumateng bapak saha ibu guru sumrambah karyawan ingkang keparing paring eguh pratikel murih pratitising adicara punika.
Bapak saha ibu sarta kadang-kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya. Dene wosing gati panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika saperlu mengeti dinten ingkang mirunggan punika. Wondene ancas ingkang kinandhut mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ningkataken prestasi tuwin akhlakipun para siswa mliginipun.

Ing wasana sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara ing wekdal punika. Kula pribadhi nyuwun lumunturing sih pangaksami menggah solah bawa dalah pranataning basa ingkang tebih saking tata krama tuwin paramasastra.


Contoh Sesorah, Sesorah Bahasa Jawa, Pidato Bahasa Jawa, Sesorah Ulang Tahun Sekolah, Tuladha Sesorah Jawa, Tuladha Sesorah Bahasa Jawa

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Contoh Sesorah Bahasa Jawa Ulang Tahun Sekolah"

Post a Comment

Komentari dengan meninggalkan LINK akan dihapus!